Duh endahing pasuryanmu sayang
Katon tansah ngrubedo roso
Angenku biso sesandingan
Andum katresnan andum kabagyan
Nyawiji… mring tresno kang suci
Pangroso tan keno sun labuhi
Manis esemu banget rumasuk ati
Hanyawang rembulan ing wengi
Lan lintang lintang kang maeshi
Siro kusumaku kang manjing sak jroning kalbu
Sun memuji marang Gusti
Panjangkaku hangukir tresno sejati
Duh endahing pasuryanmu sayang
Katon tansah ngrubedo roso
Angenku biso sesandingan
Andum katresnan andum kabagyan
Nyawiji… mring tresno kang suci


